Jumat, 27 Maret 2015

BASA JAWI PEPAK : Arane Panggonan (Bagian I)


Jangan lupa, gunakan tombol fungsi Ctrl+F. dan ketik kata yang ingin Anda cari, Enter. Biar ga repot-repot scrolling...


1. Alas : Panggonane wit-witan / thethukulan lan kewan-kewan.
2. Alun-alun : Plataran amba ing satengahing kutha.
3. Babadan : Panggonan sing wis dibabadi.
4. Balapan : Panggonan kanggo adu balap.
5. Bale mangu : Panggonan kanggo ngadili wong luput.
6. Bango : Panggonan kanggo dodolan.
7. Bangsal : Panggonan kanggo pasamuwan.
8. Besalen : Panggonan kanggo mandhe.
9. Benteng : Tembok gedhe duwur kanggo nahan mungsuh.
10. Bong : Kuburane wong cina.
11. Bothekan : Wadhah jamu utawa bumbu kanggo masak.
12. Bubat : Panggonan kanggo ngadu samubarang.
13. Cangkruk : Panggonan kanggo jaga kampung.
14. Clunthang : Wadhah jangkrik.
15. Endhong : Wadhah panah.
16. Epok : Wadhah kinang.
17. Esong : Growongan ing pinggiring kali; panggonan landak.
18. Gadhen : Panggonan kanggo nggadhekake barang.
19. Gayor : Kanggo nyanthelake gong.
20. Gedhogan : Kandhang jaran.
21. Gerdhu : Panggonan kanggo jaga.
22. Gedhong : Omah gedhe kanggo pasamuwan.
23. Glodhogan : Kanggo omah tawon.
24. Gowok : Growongan ing wit (dienggo nyusuh manuk).
25. Greja : Panggonan sembahyange wong kristen.
26. Grobog : Kothak kayu sing gedhe kanggo nyimpen barang.
27. Gubug : Panggonan kanggo njaga tanduran.
28. Gudhang : Panggonan nyimpen barang.
29. Gupit mandra gini : Kanggo sarene raja/ratu.
30. Hotel : Omah sewan kanggo penginepan.
31. Iyan : Wadhah kanggo ngeler sega.
32. Jodhang : Grobog sing dipikul, sing isine werna-werna panganan.
33. Jumbleng : Kakus kanggo bebuwang kotoran.
34. Jun : Wadhah banyu kanggo ngangsu.
35. Kabupaten : Daleme bupati pemerintah daerah.
36. Kadhaton : Daleme ratu.
37. Kandhang : Omah kanggo ngingu kewan (kebo, sapi, wedhus, lsp)
38. Kanthong : Sak ing klambi/celana kanggo ngesaki barang.
39. Kanthongan : Kanggo ngadhahi barang-barang.
40. Kantor : Panggonan kanggo nyambut gawe; panggonan kanggo ngurusi samubarang keperluan.
41. Klentheng : Panggonan kanggo sembahyange wong cina.
42. Klenthing : Wadhah kanggo nggolek banyu.
43. Kombong : Kandhang bebek, pitik, lsp.
44. Krangkeng : Kandhang kewan galak sing nganggo pager wesi.
45. Kranjang : Wadhah sing digawe saka pring sing dienam.
46. Kraton : Daleme ratu.
47. Kuburan : Panggonan kanggo ngubur wong mati.
48. Kuncung : Omah cilik ing ngarepe pendhapa.
49. Kurungan : Kanggo ngingu manuk, pitik, lsp.
50. Langgar : Omah cilik kanggo sembahyange wong islam.
51. Leng : Bolongan cilik omahe gangsir, semut, rayap, lsp.
52. Lemari : Kanggo nyimpen sandhangan, barang, lsp.
53. Loji : Omah apik tinggalane landa.
54. Lumbung : Panggonan kanggo nyimpen pari.
55. Menara : Panggonan sing dhuwur kanggo pepeling.
56. Mesjid : Omah gedhe kanggo sembahyange wong islam.


BERSAMBUNG....

1 komentar: