Rabu, 05 Februari 2014

TEMBUNG PARIBASAN, BEBASAN LAN SALOKA BASA JAWA, Abjad A, B, C, D, dan E


Masih sama seperti sebelumnya. Saya mengangkat tema peribahasa. Dan kali ini, giliran basa jawa. Semoga dapat membantu dan menambah pengetahuan semua kalangan, terutama masyarakat Jawa... :)
(sumber : INTISARI BASA JAWA PEPAK, terbitan Lintas Media - Jombang)


A


1. Adigang, adigung, adiguna.
- Wong sing ngendelake kekuatan, kaluhuran lan kepinterane.
2. Adhang-adhang tetese embun.
- Njagakake barang mung sak olehe wae.
3. Aji godhong garing.
- Barang kang ora nduweni aji babar pisan.
4. Ana catur mungkur.
- Ora gelem ngrungokake rerasan sing ora becik.
5. Ana dhaulate ora ana begjane.
- Wis arep nemu kabegjan nanging ora sida.
6. Ana gula ana semut.
- Panggonan sing ngerejekeni akeh sing nekani.
7. Anak polah bapa kepradhah.
- Wong tuwa nemu reribed amarga polahe anak.
8. Ancik-ancik pucuke eri.
- Wong kang tansah sumelang yen keluputan.
9. Anggutuk lor kena kidul.
- Ngangkah marang sawijining wong katibakake marang wong liya.
10. Angong mangsa.
- Golek wektu sing prayoga.
11. Angong ulat ngumbar tangan.
- Nyawang kahanan arep nglimpe.
12. Arem jemure emoh watange.
- Gelem kepenake ora gelem rekasane.
13. Asu arebut balung.
- Padha rebutan barang sepele.
14. Asu gedhe menang kerahe.
- Wong sing gedhe pangkate mesti luwih gedhe panguasane.
15. Asu marani gepuk.
- Njarak marani bebaya.
16. Ati bengkong oleh oncong.
- Duwe niyat ala oleh dalan.



B

17. Baladewa ilang gapite.
- Ilang kaluhurane.
18. Banyu pinerang.
- Pasulayane sadulur mesti enggal pulihe.
19. Bathang lelaku.
- Wong lelungan ngambah panggonan sing mbebayani.
20. Bathok bolu isi madu.
- Wong asor nanging sugih kepinteran.
21. Bebek mungsuh mliwis.
- Wong pinter mungsuh wong pinter.
22. Becik ketitik ala ketara.
- Becik ala bakal ketara ing tembe mburine.
23. Belo melu seton.
- Mung melu-melu wae, ora ngerti karepe.
24. Beras wutah arang mulih marang takere.
- Samubarang kang wis owah arang bisa pulih kaya maune.
25. Mbidhung apirowang.
- Arep ngrewangi malah ngrusuhi.
26. Blaba wuda.
- Saking lomane nganti uripe kacingkrangan.
27. Blilu tau pinter durung nglakoni.
- Senajan durung mangerti, nanging wis nglakoni.
28. Bubuk oleh leng.
- Duwe niyat ala oleh dalan.
29. mBuru uceng kelangan dheleg.
- mBuru barang sepele kelangan barang sing aji.
30. Busuk ketekuk pinter keblinger.
- Bodho lan pinter padha nemoni cilaka.
31. mBuwang tilas.
- Nutupi patrape ethok-ethok nyambut gawe liya.
32. Bung pring petung.
- Bocah sing gelis gedhe.
33. Buntel kadut ora nginang ora udud.
- Wong nyambut gawe borongan, ora oleh mangan lan rokok.


C

34. Car-cor kaya kurang janganan.
- Guneman waton metu tanpa dipikir-pikir.
35. Cathok gawel.
- Ora diajak rembugan nanging melu-melu rembug.
36. Cebol nggayuh lintang.
- Duwe karepan sing mokal bakal kelakon.
37. Cecak nguntal empyak.
- Gegayuhan sing ora timbang karo kekuatane.
38. Cedhak celeng boloten (cedhak kebo gupak).
- Cedhak karo wong ala melu ala.
39. Cincing-cincing meksa klebus.
- Rekane arep irit nanging malah entek akeh.
40. Ciri wanci lelai ginawa mati.
- Pakulihan ilange menawa wis mati.
41. Criwis cawis.
- Akeh alesan nanging gelem nindakake.
42. Cuplak andheng-andheng ora prenah panggonane.
- Samubarang kang njalari ala prayogane disingkirake.

D

43. Dadia suket suthik nyenggut.
- Emoh sapa aruh.
44. Dahwen ati open.
- Nacud sejatine melik.
45. Dhandang diunekake, kuntul-kuntul diunekake dhandang.
- Ala diunekake apik, apik diunekake ala.
46. Desa mawa cara, negara mawa tata.
- Saben panggonan duwe cara dhewe-dhewe.
47. Dhemit ora ndulit, setan ora doyan.
- Tansah ginanjar slamet ora ana reribet.
48. Digarokake dilakokake.
- Dikon nyambut gawe abot.
49. Dikena iwake aja nganti buthek banyune.
- Bisa kelaksanan karepe tanpa gawe gendra.
50. Dipalangana mlumpat ditalenana medhot.
- Yen wis takdir setitik mesti bakal kelakon.
51. Diwenehi ati ngrogoh rempela.
- Diwenehi setitik njaluk sing akeh.
52. Dom sumurup ing banyu.
- Laku samar.
53. Dudu berase ditempurake.
- Nyambungi tembunge liyan nanging ora gathuk.
54. Dudu sanak dudu kadang yen mati melu kelangan.
- Senajan wong liya, yen ana rekasane melu ngrasakake.
55. Dudutan lan anculan.
- Pada kethikan sing siji api-api ora ngerti.
56. Durung ilang puput lempuyange.
- Dipadhakake bocah cilik, durung dianggep dewasa.
57. Durung pecus keselak besus.
- Durung sembada wis kepingin sing ora-ora.


E

58. Eman-eman ora keduman.
- Rekane welas nanging rugi.
59. Emban cidhe emabn siladan.
- Siji lan sijine padha ora andil.
60. Embat-embat clarat.
- Nyambut gawe sing ati-ati banget.
61. Emprit buntut bedhug.
- Prakara sepele dadi gedhe.
62. Endhas gundhul dikepeti.
- Wis kepenak ditambahi kepenak maneh.
63. Endhas pethak ketiban empyak.
- Nemahi kasusahan bola-bali.
64. Enggon welut didoli udhet.
- Panggonane wong pinter dipameri kepinteran.
65. Entek golek kuran amek.
- Oleh ngunen-uneni sakatoge.
66. Entek jarake.
- Entek kasugihane.
67. Esuk dhele sore tempe.
- Ora tetep atine.


***BERSAMBUNG***

Tidak ada komentar:

Posting Komentar